Sifat / Watak Tokoh Wayang Mahabarata
1. YUDHISTIRA
Dasa nama : Darmakusuma, darmawangsa. Ajathasatru,
Dwijakangka, Gunatalikrama, Dwijakangka
Kasatriyane : Ngamarta
Garwa : Dewi Drupadi
peputra Pancawala
Sifat : Sabar lan nrima,
setya lan tresna dhateng sesamai, jujur, remen paring dana, gandrung dhateng
kautamen, lan adil paramarta
Kadigdayan : Saged pirsa
lelembad, Triwikrama
Gaman / Aji-aji : Kyai Tunggulnaga (payung), Karawelang
(tombak) / Jimat Jamus Kalimasada
2. WERKUDARA
Dasa nama : Bayudutam Balawam Bima, Pandhusiwii,
Kusumadilaga, Kusumayuda, Sena Wijasena, Gandawastratmaja, Bratasena
Kasatriyane : Tunggul pamenang,
Jodhipati
Garwa : Dewi Arimbi, Dewi
Nagagini
Sifat : Lugu, jujur,
prasaja, tan mendha saking bebaya, tan wedi guntur teka kang sinedya, kang
cinipta dadi
Gaman / Aji-aji : Kuku Pancanaka, Gada Rujakpolo, panah
Bargawastra / Bandung bandawasa, wungkal bener, blabag pangantol-antol,
Jalasegara
3. ARJUNA
Dasa nama : Janaka Margana, Kuntadi, kombang
Ali-ali, Kalitji, Indratanaya
Kasatriyane : Madukara
Sifat : Tansah aih,rremen
tetulung, mancalaputra mancala putri sekti tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala,
satriya socaning bathara
Garwa : Dewi Sembadra,
dewi Sri Kandhi, Larasati
Putra : R. Abimanyu
Gaman / Aji-aji : Keris kyai Kalanadhah pulanggeni,
Paasopati, Ardadedali, Sangkali Cundhamanik bramastra Sarotama Wisesa pamungkas
/ Palimunan, Tunggengmaya, Sepiangin, Mayabumi, Pengasih, Asmaragama
4. NAKULA
Dasa nama : Pingten
Kasatriyane : Sawojajar
Sifat : Tansah jagi
karahayoning nagari
Aji-aji : Pranajati, cupu isi
toya panggesangan saking Bathara Indra
5. SADEWA
Dasa nama : Tangsen
Kasatriyane : Bumiretawu
Sifat : tansah jagi
karahayonanigng nagari
Aji-aji : Mantra pangruwatan,
aji Purnamajadhi
6. PRABU DURYUDANA
Dasa nama : Jakapitana, Gendarisiwi, Suyudana, Kurawaindra,
Kurupati, Destratmaja, Tri Pamangsah
Kasatriyane : Ngastina
Sifat : Adigang adigung
adigunam, sembada ing warna
Gaman : Gajah Kyai Panukma,
Gada Kyai pamecatnyawa
7. DEWI BANOWATI
Kasatriyane : Kaputrean Taman
Kadilengleng
Rama : Prabu Salya
Ibu : Dewi Setyawati
Garwa : Prabu Duryudana
nuruaken Lesmana, Dewi Lesmanawati
Sifat : Tregal-tregel merak
ati, pinter nuju prana
8. RADEN DURSASANA
Kasatriyane : Banjarjungut
Sifat : Adigang adigung
adiguna dumeh putra narenra, tansah lembean, pengendikanipun sora dipun sarengi
gumujeng
Kadigdayan : Sekti mandraguna
Aji-aji : Kyai Barla
9. RADEN KARTAMARMA
Kasatriyane : Banyutinalang
Rama : Pabu Drestharastra
Ibu : Dewi Gendari
Garwa : Dewi Wulan Sumirat
Sifat : Adigang adigung adi
guna, ngegungaken putra raja, ajrih getih, boten mersudi rehning tatakrami
10.
RADEN DURMAGATI
Kasatriyane : Slobrah Blambangan
Rama : Prabu Drestarastra
Ibu : Dewi Gendari
Sifat : Adigang adigung
adguna, gumendhung dumeh putra narendra
Gaman : Mesail
11.
RADEN CITRAKSA
Kasatriyane : Carang Glagah
Rama : Prabu Destarastra
Ibu : Dewi Gendari
Sifat : Anut grubyug, boten
gadhah adeg-adeg
12.
RADEN CITRAKSI
Kasatriyane : Carang manis
Rama : Prabu Destarastra
Ibu : Dewi Durgandini
Sifat : Sami kaliyan
citraksa, groyok boten antepan, ewuh aya ing budi
13.
PRABU BOGADHENTA
Kasatriyane : Srawantipura
Patih : Kumandhang Garba
Rama : Prabu Drestarastra
Ibu : Dewi Gendari
Sifat : Adigang adigung adiguna, tan marsudi reh
ing tatakrama
Gaman / Aji-aji : Jemparing Suhbrasta / Tridibya
14.
ANTAREJA
Kasatriyane : Randhuwatang
Sifat : Tatag, tangguh
tanggon
Kadigdayan : Saged Triwikrama
dados naga, saged ambles bumi
Aji-aji : Wisa Danurdana
15.
ANTASENA
Kasatriyane : Jangkar bumi
Rama : Raden Wekudara
Ibu : Dewi Urang Ayu
Garwa : Dewi Subaswara
Sifat : Kaku, kodo, tandang
mara tangan, sluman slumun slamet
Gaman : Sungut Taragnyana
16.
GATHUTKACA
Dasa nama : Purbaya, Arimbatmaja, Kacanagara, Inten
Simbarja, Sambang Raga, Bimasiwi, Guritna, Gurudaya, Kancing jaya
Kasatriyane : Pringgondan
Patih : Prabakesa
Sifat : Tanggih wutuhm
sepuh manjng ajur ajer
Kadigdayan : Suku lan tangan
kiyat sanget, saged mabur
Aji-aji : Pecagragam
Narantaka, siyung Brajadhenta, Tangan kiwa Brajalamatan, Tangan tengen
Brajamusthi, geger Brajawikalpa, Kontang Antrakusuma, Kasut Padakacerma,
Basunandha
Sumber : http://denuaeni98.blogspot.com/2014/05/sifat-tokoh-wayang-mahabarata.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar