Galeri

Galeri

Selasa, 16 Desember 2014

Sastra : Lampahan Murwa Kala

Lampahan Murwa Kala


    Jêjêr ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru miyós siniwåkå, dipún adhêp Bathårå Narådå lan pårå Déwå.  Ngrêmbag kawóntênaning lêlampahan lan papêsthèníng dumadi. Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Bathårå Kålå. Nyuwún papancèníng  têdhanipún, awít têtêdhan ingkang kålå rumiyín namúng bangsanipún lêlumutan lan gêgódhóngan, ing sapunika sampún bótên marêmakên. Milå lajêng nêdhå bangsaníng kéwan lan ugi asríng nêdha manungså. Nangíng punikå kacariyós bótên dipún parêngakên. Awít sakíng  punikå Bathårå Kålå nyuwún palilah,ingkang pundi ingkang dipún parêngakên. Bathårå Guru ngandika manawi Bathårå Kålå bótên dipún parêngakên nêdhå sato kéwan lan manungså ingkang dèrèng kalêptan ing lêpat.  Bathårå Kålå dipún parêngakên nêdha gólónganipún sato kéwan, sartå ugi manungså, ingkang nandhang lêpatíng dumadi, antawisipún inggíh punikå:


    01. Ontang-antíng, laré ingkang bótên gadhah sadhèrèk.
    02. Kêdhånå-kêdhini, sadhèrèk namúng kalíh, jalêr kaliyan èstri.
    03. Kêmbar, laré lahír sarêng sadintên, jalêr sami jalêr utawi èstri
          sami èstri.
    04. Dhampit, laré lahír sarêng sadintên, jalêr kaliyan èstri.
    05. Góndhang-kasíh, laré lahír kêmbar, satunggal pêthak bulé,
          satunggalipún bótên.
    06. Tawang gantungan, laré kêmbar, lahiripún sarênti antawís dintên.
    07. Sakrêndhå, laré lahír sarêng sadintên mêdal kalíh utawi langkúng
          sartå tunggíl sabungkús.
    08. Wungkús, laré lahír bungkús.
    09. Wungkúl, laré lahír tanpå ari ari
    10. Tibå sampir, 1aré lahír kalúng usús.
    11. Tibå ungkêr, 1aré lahír kagubêd ing usús, sartå mêdalipún mawi
          sêsakít bótên sagêd nangís.
    12. Jêmpinå, laré1ahír dèrèng mangsanipún, kadóstå sawêg ngumúr
          pitu utawi wólúng wulan.
    13. Margånå, laré lahiripún nuju ibunipún lumampah ing margi.
    14. Wahånå, laré lahír nuju wóntên salêbêtíng pajagóngan utawi
          paraméan.
    15. Julúngwangi, laré1ahiripún nuju wanci palêthèkíng suryå.
    16. Julúngsungsang, laré lahír ing wanci têngangé
    17. Julúngsarab, laré lahír nuju wanci ngajêngakên sêrapíng súryå.
    18. Julúngpujúd, laré lahír wanci sêrapíng súryå.
    19. Sêkar sêpasang, sadhèrèk kalíh sami èstri.
    20. Ugêr ugêr-lawang, sadhèrèk kalíh sami jalêr.
    21. Sêndhang kapít pancuran, sadhèrèk tigå, jalêr, èstri, lajêng jalêr
          malíh.
    22. Pancuran kapít sêndhang, sadhèrèk tiga, èstri, jalêr, lajêng èstri
          malíh.
    23. Sarombå, sadhèrèk sêkawan jalêr sadåyå.
    24. Sarimpi, sadhèrèk sêkawan, èstri sadåyå.
    25. Pandhåwå utawi Pancå putrå, sadhèrèk gangsal jalêr sadåyå.
    26. Pandhåwi utawi Pancå putri, sadhèrèk gangsal èstri sadåyå.
    27. Pipilan, sadhèrèk gangsal, èstri sêkawan lajêng jalêr.
    28. Padangan, sadhèrèk gangsal, jalêr sêkawan lajêng èstri.
    29. Siwah utawi Sléwah, laré sléwah
    30. Krêsnå, laré cêmêng mulús.
    31. Wunglé laré bulé.
    32. Walikå, laré ajang.
    33. Bungkúl, laré bungkúk wiwít sakíng lahír.
    34. Dhêngkak, laré bucu ing ngajêng wiwít saking lahír.
    35. Butún, 1aré bucu ing wingkíng wiwít sakíng lahír.
    36. Wujíl, 1aré céból.




Sumber : http://ki-demang.com/index.php/sinopsis-pakeliran/617-10-lampahan-murwa-kala-01

Tidak ada komentar:

Posting Komentar