Lilin 19 Taun
Dening : Anastasia Yuni Anindita
19 taun kapungkur
Ana bocah cilik, ora bisa mlaku apa maneh mlayu
Gawene nangis, nalika tiba, glundhung nandang lara
Nanging, Bapa Biyung tansah gondheli
19 taun wus kalakoni
Urip bebarengan Bapa lan Biyung
19 taun, lilin kasumet
Nandakake tambahe umurku
Bapa.. Biyung..
Iki lo anak mu wus gedhe
Bisa mlaku dewe, tanpa kudu dikanthi
Bisa mlayu mrana-mrene
Ora nangis nalika tiba, sanajan to kebak tatu
Lilin 19 taun, pratanda anak mu wis dewasa
Sanajan to 19 taun, anak mu iki ora bakal bisa
Pisah barang sarambut
Bapa.. Biyung
Disekseni lintang lan rembulan
Kawula janji, setya tuhu
Bekti marang Bapa Biyung
Nganti tibaning pati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar