Galeri

Galeri

Selasa, 16 Desember 2014

Sastra : Sinopsis Radio Sandiwara "TEKAD"



 
Radio sandiwara.
Sinopsis.
Tekad
 Dening : Anastasia Yuni Anindita
 
Ani, bocah wadon kang pinter lan sregep ing sekolahan. Ora mung ning sekolah, ning ngomah Ani uga sregep. Dheweke anak nomer siji ning keluargane, dheweke nduweni adik 2. Sing cilik durung sekolah, umure kira-kira 3,5 taunan, adike sing gedhe wis sekolah SMP kelas 1. Ani dhewe wis arep ngrampungake sekolah SMA.
Ning sekolah Ani tergolong murid sing pinter, dheweke mlebu ing jurusan IPA, wis kerep dheweke menangake juara lomba-lomba olimpiade. Ani uga disenengi kanca-kancane, sanajan ta Ani anake wong ra duwe, tapi kanca-kancane bisa nampa dheweke apa anane.
Wong tuwane Ani pekerjaane buruh tani, yaiku gaweane garapake sawahe wong liya, opahe ora sepiraa. Kanggo nyukupi kebutuhan sadina-dinane kadang kala isih kangelan. Untung wae Ani lan Sinta adhine, saben sekolah mesthi entuk beasiswa merga kapinterane.
Kajaba kuwi Ani lan Sinta saben sekolah sinambi adol jajanan sing digawekake ibuke, kaya arem-arem lan jajanan pasar liyane. Ani babar blas ora isin menawa sekolah kudu dodolan kaya mengkono. Miturut dheweke selagi kuwi ora nglanggar peraturan lan ora haram, dheweke ora isin. Hasil dodolane mau separo diwenehake ibuke separone dinggo Ani tuku kebutuhan sekolahe.
Nalika bubar ujian, Ani kebingungan kudu lanjut sekolah maneh apa ora, sebabe menawa lanjut sekolah maneh wong tuwane mesthi kangelan kanggo golekake biayane, merga biaya kuliyah kuwi ora sethithik.
Ani nyoba ngomong karo wong tuwane babagan kuwi mau. Wong tuwane Ani nyanggupi menawa Ani pancen kepengen lanjut sekolah. Nanging Ani satemene mudheng menawa wong tuwa ne uga kebingungan kudu golek biaya saka ngendi, merga pas kuwi lagi usum ketiga, akeh petani kang gagal panen merga kekeringan.
Ani mesakake wong tuwane, banjur matur maneh karo bapak ibune menawa dhewe ora sida nglanjutake kuliyah, nanging arep kerja wae bantu bapak ibune. Wong tuwane Ani pecah tangise nalika iku, wong tuwane ora ngira anake iku bisa nduweni pemikiran kaya mengkono.
Kebingungan Ani kuwi mau krungu kanca-kancane, kabeh pada ra rela menawa Ani ora nglanjutake sekolahe merga saking pintere Ani, dadi man-eman banget menawa ora lanjut sekolah. Kanca-kancane banjur ngomong karo gurune sing gemati banget karo murid-muride, yaiku Bu Endang. Bu Endang banjur nyaranake supaya Ani melu daftar beasiswa Bidikmisi.
Ani nuruti sarane Bu Endang, sabanjure ora suwe ana pengumuman menawa Ani ketrima ing jurusan Matematika Universitas Negeri Semarang kanthi jalur bidikmisi. Bungah banget pangrasane Ani nalika dheweke ngerti yen ketampa. Banjur dheweke age-age bali ngomah kanda marang wong tuwane. Ora beda karo Ani bapak ibne Ani uga seneng banget krungu kabar kaya mangkono.
Akhire Ani bisa kuliyah ing Universitas sing negeri kanthi jalur bidikmisi, dadi wong tuwane Ani wis ora bingung-bingung maneh bab biaya. Ani ora lali ngucapake puji syukur marang Gusti lan kanca-kancane sing wis mbantu Ani daftar kuliyah. Kajaba kuwi Ani uga ngucapake matur nuwun marang gurune kang gemati banget karo Ani yaiku Bu Endang.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar