Galeri

Galeri

Jumat, 12 Desember 2014

Tembang : Maskumambang

MASKUMAMBANG

Maskumambang iku tembang macapat kang dadi pralambang jaman wong lanang lagi mrambat dewasa, ing mangsa nalika seka bocah nuju dadi manungsa kang katon ing tengahing bebrayan. Tembung maskumambang iku sesambungan antarane emas lan kumambang. Ana kang nganggep yen Maskumambang iku tembange wong lanang, dene yen wadon iku Kinanthi. Watak tembang iki, umume isine kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara.

Maskumambang ugo Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné

Metrum: Saben pada (bait), tembang maskumambang ana patang gatra (baris).

    12-i, 6 -a, 8 -i, 8 -a

Tuladha:

    Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
    Sambaté mlas arsa
    Luhnya marawayan mili
    Gung tinamêng astanira





Sumber : http://tanahmemerah.wordpress.com/tembang/macapat/maskumambang/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar