Galeri

Galeri

Jumat, 12 Desember 2014

Tradisi : Reyog Malem Bulan Purnama ing Ponorogo

Reyog Malem Bulan Purnama ing Ponorogo




Ing Ponorogo, wonten acara rutin ingkang kalaksanan saben malem bulan purnama. Ing sasi Desember 2014 menika acara Reyog Malem Bulan Purnama kalaksanan ing tanggal 7 Desember 2014, ingkang mapan wonten ing Panggung Utama Alun-Alun Ponorogo. 



Acara menika dipunwiwiti jam 19:30 ngantos paripurna. Ing acara Reyog Malem Bulan Purnama ingkang kalaksanan tanggal 7 Desember 2014 menika dipunisi penampil reyog saking Paguyuban Reyog Kukuh Sardhula Putra saking Kecamatan Pulung Ponorogo.

 
Acara diwiwiti kanthi suguhan tari-tarian saking SD, SMP, lan SMA ing Ponorogo. Dipunlajengaken tari jathilan saking Kecamatan Pulung. Saksampunipun uga wonten tari warok lan dipunpungkasi penutupan saking Panitia acara menika.


Liputan saking Ririn Istiqfarini, Amah Fatimah, Ita Lusiana, Anastasia Yuni Anindita lan Nur Safangat, jurusan Basa lan Sastra Jawa Unnes angkatan 2013 :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar