Galeri

Galeri

Selasa, 16 Desember 2014

Gamelan : Sejarah Gamelan

Sejarah Gamelan

Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang.Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, [[tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik kang digawé saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran yaiku sléndra lan pélog. Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang kacèké mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwéni pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan ingkang dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, dewa ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang kewan. Nalika ing jaman modern sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan kayata wayang kulit lan kethoprak.Gamelan biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan kang nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan yaiku ing Kraton Yogyakarta. Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang umuré wis tuwa yaiku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada memburi.


Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Gamelan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar