Nesu Marang
Sapa?
Dening : Ita Lusiana
Nesu...
Kudu nesu marang sapa
Kabeh iki karana sapa
Apa iki salahku?
Dudu, iki dudu salahku
Nanging,
apa iki berarti kabeh salahmu?
Dakkira
uga dudu salahmu
Dudu salahku
Dudu salahmu
Kabeh iki amarga jarak
Jarak sing ana antarane aku lan
kowe
Sapa
kang bisa nyalahne jarak?
Sapa
kang bisa ngukum jarak?
Kowe?
Kowe bisa apa?
Ya iki kahanan sing angel
Ora bisa nyalahne sapa-sapa
Amung bisa nesu marang awakku dhewe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar