Bima
Nggayuh Kasucian
Oleh
Ita Lusiana (2611413021)
Bima
kuwi klebu salah sawijining lakon kang bisa dadi tuladha kang becik. Bima
nduweni guru nama Pendheta Durna. Dene Durna kuwi kalebu golongan kiwa, yaiku
golongan sing ala. Durna lan Bala Kurawa nduweni niat ala kanggo nggawe
kacilakan marang Bima. Durna nduwe ide ngakon Bima nggoleki banyu suci sing
bisa nggawe Bima dadi suci lan manungsa sautuhe. Nanging ing kasunyatan ora ana
banyu sing kaya mangkana kuwi.
Bima
nemoni sanak sedulure Pandhawa sing ana ing Ngamarta saperlu pamit kanggo
nglaksanakake misi saka gurune kuwi mau. Sadulure Bima padha ora setuju lan
weruh yen Durna mesthi nduweni niat sing ala. Sadulure padha ngandhani Bima,
nanging ora ana gunane. Bima tetep wae mangkat kanggo nglakoni prentah saka
gurune mau. Sakdurunge mangkat Durna ngewehi petunjuk yen banyu suci kuwi mau
manggon ing alas Tibrasara.
Tanpa
mikir maneh, Bima langsung pamitan marang Durna lan Duryudana.Bima mangkat
kanthi ati sumringah lan yakin yen dheweke bisa ngolehake banyu suci kuwi mau.
Ing ndalan nglewati alas-alas Bima mlaku kanthi manteb, dheweke akhire teka ing
alas Tibrasara mau. Ing alas kuwi tibake papan manggone Kawah Candradimuka.
Nalika
Bima lagi enak-enak nggoleki banyu suci mau, ujug-ujug dheweke ketemu karo
raksasa loro yaiku Rukmaka lan Rukmakala. Raksasa iku banjur nyerang Bima,
nanging nganggo kesaktiane akhire Bima bisa ngalahake raksasa mau. Raksasa iku
banjur muspra lan metu njelma dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu. Panjenengane
para Dewa kuwi mau ngandhani Bima yen dheweke ora oleh terlalu manut karo
kandhane uwong. Lan sakbenere banyu suci kuwi ora ana, yen pengen suci Bima
kudu bisa njaga hawa nepsune nalika urip ing donya kang dadi sumbering
kadurjanan iki.
Bima
banjur manthuk-manthuk nanging sakbenere dheweke durung paham tenan apa maksude
Bathara Indra lan Bathara Bayu kuwi. Bima banjur bali menyang Ngastina, dheweke
nemoni Durna lan ngomong yen banyu suci sing digoleki kuwi ora ana ning
panggonan sing didudohi Durna. Durna bingung, wedi yen niat alane kebiyak
dening muride. Durna nggolek akal liya, dheweke banjur ngomong yen banyu suci
kuwi wis pindah menyang punjering samudra. Durna ngakon Bima kudu bisa nggoleki
apa sing dikarepne kuwi.
Bima
manut, dheweke banjur menyang Ngamarta lan pamit marang sedulure maneh. Para
Pandhawa ora setuju, weruh yen Bima amung diapusi dening Durna. Yudhistira
murka, banjur dheweke ngomong bab kedadeyan kuwi marang Prabu Kresna. Prabu Kresna
langsung duka lan langsung marani menyang Ngamarta banjur ngandhani Bima.
Nanging ya percuma, Bima tetep wae mangkat nggoleki banyu suci mau. Prabu
Kresna banjur ngandhani para Pandhawa supaya ora kuwatir, amarga para Dewa
mesthi bakal njaga Bima. Bima mangkat kanthi ati ikhlas lan ora nduwe pikiran
sing negatif blas. Dheweke pamit marang gurune Durna lan Duryudana.
Bima
mlaku pinuju ing samudra, ing dalan sadawane iku Bima uga nemoni akeh alangan
sing ora entheng. Lan akhire dheweke tekan ing samudra sing dimaksud. Nganggo
kasaktiane Bima banjur nyemplung ning njero samudra kuwi, nanging ing
tengah-tengah samudra dheweke diadhang karo Naga raksasa. Naga iku nyerang Bima
kanthi ganas, Bima digubet awakke dening Naga iku.
Nanging
Bima ora kalah, dheweke balik nyerang Naga kuwi nganggo kuku Pancanaka sing
diduweni. Bima nancepke kuku Pancanaka kuwi marang awakke Naga mau, Naga banjur
mati.Bima akhire tekan ing punjering samudra iku, ing njero kono dheweke ora
nemokake apa-apa. Nanging ujug-ujug Bima krungu swara, swara kuwi mau saka Dewa
cilik sing ana ing kono. Dewa iku yaiku Dewa Ruci, dheweke weruh akeh bab Bima
lan lelakone. Bima nggumun banjur takon sapa sebenere Dewa Ruci kuwi.
Dewa
Ruci banjur ngomong yen dheweke iku sebenere lambang ati nurani sing ana ing
atine Bima kang resik. Bima bingung karo apa sing dikarepne Dewa kuwi. Bima
banjur dikongkon mlebu menyang awakke Dewa Ruci, Bima ora percaya apa mungkin
awakke sing gedhe kuwi bisa mlebu ning awakke Dewa Ruci sing cilik kuwi mau.
Banjur Bima bisa mlebu lewat kuping kiwane Dewa Ruci. Ing njero ragane Dewa
Ruci kuwi mulane Bima amung bisa ndelok panggonan gung liwang-liwung ora ngerti
arah lor kidul. Nanging suwe-suwe panggonan kuwi dadi padhang. Ing njero kono
Bima ngrasakake katentreman ati kang durung tau dirasakake.
Ning
kono dheweke ngrasakake ayem, tentrem, ora ngrasakake lara opo meneh luwe.
Dheweke betah ning panggonan kuwi mau. Bima uga ora gelem metu saka panggonan
mau, nanging Dewa Ruci ngandhani yen dheweke kudu bisa ngadhepi urip sing
sakbenere yaiku ing donya. Dewa Ruci uga ngomong yen saiki Bima wis dadi
manungsa kang suci kaya bayi sing lagi lair. Bima banjur metu saka ragane Dewa
Ruci, dheweke dadi manungsa kang suci lan kuwi mau uga saka resiking atine.
Dheweke banjur pamitan marang Dewa Ruci, Bima uga ngucapake maturnuwun amarga
wis dibantu ngranggeh kasuciane.
Dene
ing Ngastina, Durna, Duryudana lan Bala Kurawa nganakake pesta kanggo
ngrayakake kemenangane. Durna lan balane rumangsa wis bisa ngalahake Bima,
Durna lan bala-balane padha seneng-seneng. Nanging, ujug-ujug Bima teka lan
ngomong yen dheweke wis bisa nemokake banyu suci sing dimaksud gurune kuwi.
Durna kaget, para Kurawa uga ora nyangka yen Bima bisa slamet. Akhire sing ala
bakal ketara, lan sing becik bakal ngundhuh woh saka kabecikane. Para Pandhawa
seneng amarga Bima bisa slamet lan bisa nggayuh apa sing dadi kepenginane. Yudhistira
lan sadulure banjur nganakake pesta kanggo nyambut kemenangane Bima. Bima kuwi
nglakokake misi lan darma pengabdian urip kaya sing diamanahke dening gurune
kang banget dihormati. Bima dianggep wis nglakoni tumindak subversif kanthi
nyekoki doktrin-doktrin sing bisa mbahayani generasi enom ing Ngastina, nanging
yen didelok saka tulusing atine kelakuane Bima kuwi kalebu tumindak sing becik
amarga bisa manut lan ngabdi marang gurune.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar