Galeri

Galeri

Selasa, 16 Desember 2014

Geguritan : Manis Bratawali



Manis Bratawali
Dening : Ita Lusiana
 

Manis esemmu
Dakkira uga manis kandhamu
Nanging pranyata amung manis-manis lambe
Nora prasaja marang pasuryanmu

          Bagus, pancen bagus rupa nira
          Manis, banget manise esem kuwi
          Kagambar cetha wewayanganmu

Biyen sliramu janji setya marang aku
Biyen jare tresna suci kuwi amung kanggo aku
Biyen jare amung aku kang ana ing atimu
Biyen jare aku lan kowe selawase

          Nanging, kabeh kuwi biyen
          Nalika sliramu durung mblenjani janji
          Janji kang kokucap dhewe
          Lamis, pancen lamis lambemu
          Muga sira nora keblinger
          Dening rupa endah kang sejatine amung semu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar