Tembang Kinanthi lan Artine
Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhengake kinanthi klawan Maskumambang. Yen maskumambang kanggo wong lanang kang lagi dewasa, kinanthi kanggo wanita.
Kinanthi iku Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Metrum: Kinanthi kaangit seka nem gatra (larik) saben pada (bait).
8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i
Tuladha:
Anoman malumpat sampun
praptêng witing nagasari
mulat mangandhap katingal
wanodyâju kuru aking
gelung rusak awor kisma
ingkang iga-iga kêksi
(Saka Serat Rama Kawi déning Kyai Yasadipura)
Pitik tulak pitik tukung
Tetulake Jabang bayi
Ngedohaken cacing racak
Sarap sawane sumingkir
Si tulak manggung ing ngarso
Si Tukung ngadhangi margi.
Sumber: http://tanahmemerah.wordpress.com/tembang/macapat/kinanthi/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar