Galeri

Galeri

Selasa, 16 Desember 2014

Geguritan : Alun-alun Kidul



Alun-alun Kidul
Dening : Anastasia Yuni Anindita

Nalika srengeng wus lumaku ing sisih kulon
Suryane kang katutup mega
Agawe kahanan samsaya tentrem


Alkid, arane alun-alun kidul
Ing sapinggire kutha Solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku


Lungguh jejer, sinambi gegojekan
Mesem guyu..
Celathu maneka warna


Kowe karo aku
Gegandhengan, nyawiji ing taman katresnan
Ati bungah, nandang kasmaran


Alun-alun kidul iki
Seksi bisu, kowe karo aku
Ngiket janji suci, tresna salawase

Tidak ada komentar:

Posting Komentar