Mbenjani
Janji
Dening : Ita Lusiana
Rasa pangrasaning ati
Kang lagi nandang wuyung
Sira kang tega mblenjani janji
Sira kang medhot talining tresna
suci
Biyen
kaya dene Rama Shinta
Saiki
byar bubrah nora karuwan
Weruh
sira gegandhengan karo kenya liyan
Lir dom cacah sewu kang nembus
driya
Banget larane jiwa iki
Nalika sira sesandhingan karo kenya
iku
Dhuh Gusti...
Mugiya tansah pinaringan kuwat
Agawe uler dadi kupu-kupu
Agawe mendhung dadi srengenge
Tidak ada komentar:
Posting Komentar