Galeri

Galeri

Selasa, 02 Desember 2014

Bahasa : Kawruh Kasusastran


Kawruh Kasusastran

Kasusastran jawa karacik mawa basa kang mligi lan tata. Tetembungane dironce kanthi edi peni ndhapuk ukara gancar. Reroncening ukara ana kang bisa obah owah, nanging ana uga kang gumathok ora kena diowahi. Surasaning ukara ana kang wanthah, lan ana kang asipat pasemon, ngemu teges entar.
Kasusastran kang arupa basa gancar, dhapuking ukara tinamtu, ajeg panganggone, ngemu teges entar, upamane: paribasan, sanepa, panyandra, isbat, lan cangkriman.
1.      Paribasan
Paribasan iku unen-unen kang wis gumathokracikane. Teges kang kinandhut uga wis tartamtu mulane ora kena diowahi. Lumrahe paribasan iku ngemu teges kang entas (kiasan). Tegesing tembung lumereg (Ind: bergeser), gumantung ing surasane lan karepe kang kinandhut ing unen-unen.
Paribasan iku ngemu teges tetandhingan, pepindhan utawa pepiridan, saemper pasemon. Lumrahe, sing disemoni iku manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesmbunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan ana kang ingaran bebasan lan saloka. Paribasan diarani bebasan yen lereging teges ngenani sesipatan utawa kaanan kang gegayutan karo ulah kridhaning manungsa. Tuladhane, yen ana wong kang ngumukake kekuwatane, gumedhe, lan kuminter, dibebasakake: adigang, adigung, adiguna. Paribasan diarani saloka yen lereging teges ngenani sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake. Tuladhane, yen ana wong tuwa njaluk wulang karo anak disalokake: kebo nusu gudel.
2.      Sanepa
Sanepa iku unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa tetendhingan, lan nduweni teges mbangetake kanthi nyurasa kosokbaline. Tuladhane, yen arep ngandhakake tatu sing kerep banget, disanepakkake: tatune arang kranjang.
3.      panyandra
panyandra iku unen-unen memper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan lan ngemu teges memper. Tetandhingan iku lumereg marang kaendahan. Mula kang dicandra iku bab becik, lan mengku karep ngalem kaendahane, kayata: alise nanggal sapisan, bathuke nyela cendhani, bangkekane nawon kemit ,lsp.
4.       Isbat
Kang duiarani isbat iku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud racikaning tembung kang dhapuk ukara kang ngemu teges entar lan ngemu pasemon. Tembung isbat tegese katetepan, saemper paribasan. Tegese lumereg marang kawruh pilsapat lan pasemon, kayata: golek banyu apikulan warih, golek geni adedamar, nggoleki wekasing langit, lsp.
5.      Cangriman
Cangriman iku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, surasane ngemu teges kang kudu dibadhe (dibedhek/dicape). Mula, cangkriman uga diarani badhean, bedhekan, utawa capean. Racikaning cangkrima iku ana kang adhapur ukara lumrah, lan ana kang sinawung ing tembang.
Manut wujud lan dhapukane, cangkriman dibedakake dadi telung warna, yaiku:
a. Cangriman kang adhapur rerakitaning tembung wancahan, kayata:
-          Wiwawite lesmbadhonge = uwi dawa uwite, tales amba godhonge
-          Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tepak kebo amba, tepek ula dawa, tepak sapi ciyut.
-          Lut mahe ndut, yu mae rong = welut umahe ngendhut, yuyu umahe ngerong.
b. Cangriman kang adhapur rakitaning ukara kang ngemu surasa irib-iriban utawa pepindhan, kayata:
-           Gajah nguntal sangkrah = luweg
-          Pitik walik saba kebon = nanas
-          Sega sakepel dirubung tinggi = salak
c.       Cangkriman kang surasa blendheran utawa ateges plesedan, kayata:
-          Ana piranti ing dhapur yen ketiban cecak bisa mabur apa iku? Wangsulane: kalo ( tulisan jawa kalo yen diwenehi tandha
cecak dadi kalong).
-          Ing sakdhuwure lawang ana cecake, nanging yen cecake lunga, lawange dadi kewan kang seneng wowohan. Kewan
                          apa iku? Wangsulane: lawa ( ing ndhuwure tulisan Jawa lawang pancen ana tandha cecake, dene yen tandha cecake ilang
dadi lawa).


Sumber : https://cahgondang.wordpress.com/bahasa-jawa/bahasa-jawa-semester-2/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar