Kuwi Sapa ?
Bocah lanang, bocah bagus
Nganggo iket, klambi warna ungu
Pacakanne elok, ireng manis
Bocah kuwi sapa ?
Mesem
guyu, nalika sawang sinawang
Agawe aku
isin, dag dig dug ing ati
Abang
branang rai ku, tanpa bisa kumecap apa-apa
Bocah
kuwi sapa ?
Duh.. Gusti
Rasa apa iki ??
Bungahing atiku, tanpa bisa diwujudake
Bocah kuwi sapa ?
Sapa
jenenge ? aku kepengen kenalan
Sesandhingan marang sira Sinambi guneman, ndongeng ing jejer ku
Bocah kuwi sapa ?
Dening : Anastasia Yuni Anindita
Tidak ada komentar:
Posting Komentar