Galeri

Galeri

Selasa, 16 Desember 2014

Geguritan : Cidra



Cidra
Dening : Ita Lusiana 



Lir tirta kang mijil saka sumber
Grojogan kang anyamber-nyamber
Atiku tansah kumecer

          Pawongan bregas kang wus ngranggeh ati iki
          Tansah ngumbar janji suci
          Marang kenya ayu liyan

Lir panah Arjuna kang nembus jaja
Gawe ati iki lalis
Nora bisa apa-apa
Amung tangis kang tumetes
Ngelus-elus ngebaki pipi

Cerkak : “SUPOYO NGIRIT”

   “SUPOYO NGIRIT”

 
Glendhoh, wong sugih sing kondhang medhit ing salah sijining kampung pinggiran ing Kutha Solo saiki kerep nesu karo rewange sing jenenge Klithuk. Prekarane sajane amung sepele. Yakuwi prekara sogok untuk sing kanggo ngilangi sliliden ing untu sawuse rampung mangan.
Dina kuwi kaya biasane, Glendhoh muring-muring amarga meruhi sogok untuk sak wadhah sing lagi esuk mau dituku ing supermarket wus entek gusis, amung kari wadhahe.
Glendhoh: Thuk…Klithuk. Mrenea!!
Klithuk: Wonten dhawuh punapa juragan.

Gledhoh: Karepmu kuwi kepriye ta! Yen tak kandhani mbok rungokake apa ora ta??
Klithuk: Lhah…wonten punapa nggih? Kula kok mboten sumerep.

Glendhoh: Kowe ki pancen seneng gawe aku nesu. Coba eling-elingen. Aku wus kaping pira ngandhani kowe, supaya ngirit nalika nganggo sogok untuk. Saben-saben mesthi mbok entekke. Sajane caramu nganggo kuwi piye ta??
Klithuk: Ooo..nuwun sewu juragan. Makaten, untu kula punika nembe sakit. Wonten ingkang krowok. Saben bibar nedha, mesthi kathah ingkang nyangkut. Mila, kula kathah ngangge sogok untuk lan sasampunipun inggih kula buwang, Ngertos-ngertos isinipun sampun telas.
Glendhoh:Ning caramu ya aja ngono kuwi. Marai boros, ngerti po ra??

Klithuk: Inggih juragan, kula janji mboten nelasaken sogok untu malih.
Liya dina, Glendhoh sing lagi wae mulih saka kantor lan mlebu ruang tamu meruhi wadhah sogok untune isih apik. Disawang tenanan, isine ya isih akeh, ora kaya adate. Glendhoh banjur jupuk siji lan dianggo cuthik-cuthik untune.
Klithuk: Sugeng rawuh juragan.

Glendhoh: Eh Thuk. Aku seneng meruhi kahanan iki. Saiki kowe pinter dikandhani lan nurut omonganku. Sogok untune isih akeh. Kayane kowe wus bisa ngirit anggone nganggo sogok untu. Ora kaya sing mbiyen-mbiyen. Apa untumu wus mari? Ora krowok maneh?
Klithuk: Mboten juragan. Untu kula taksih krowok.

Glendhoh: Lhah? Dadine kowe ya isih prelu sogok untu? Terus, seprene iki nganggo apa? Kok sogok untuk ing meja adate tak sawang isih wutuh?
Klithuk: Nggih taksih ngangge punika juragan. Namung sasampunipun ngangge kula wangsulaken malih wonten wadhah. Supados ngirit.
Glendhoh: Lhah?? Dadine sing tak anggo iki sisamu??





Sumber : https://cuecep.wordpress.com/2013/03/25/kumpulan-cerpen-bahasa-jawa/

Cerkak : Kancil lan Pitik Walik sing rumongso kudu lucu

Kancil lan Pitik Walik sing rumongso kudu lucu

Mbak Dewi, juragan Bakso Bangjo nduwe Pitik Walik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesthi usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke kadang-kadang ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik Walik gawe tingkah laku lucu kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.


















 

Sawijining ndino Pitik Walik luga adoh, terus ndelik ning guwo Slarong karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo. duniashinichi.blogspot.com

"Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil

"Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane" 

"Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!" jawabe Kancil

"Aku capek kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing aneh-aneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu"

"Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan" celathune Kancil

"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?"

"Laiyo rasah no! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru"  nasehate Kancil

"Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku"

"Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe" ujare Kancil

"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.

Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane (undil -2014). 





Sumber :  http://duniashinichi.blogspot.com/2014/01/cerkak-kancil-lan-pithik-walik-sing.html

Geguritan : Mardika?



Mardika?
Dening : Ita Lusiana 



Sapa kang kandha kita wus mardika?
Sapa kang wani njamin rasa mardika?

          Mardika amung ana ing lathi
          Beda karo kasunyatan iki
          Ora ana kahanan mardika kang nyata
          Durung ana kang ngrasakake mardika

Ayo bebarengan nyengkuyung bangsa
Supaya mardika bisa dadi nyata
Supaya kabeh bisa tumata
Nora ana kang ngrasa lola

Tradisi : Ruwatan



I. ARTI UPACARA RUWATAN
Ruwatan kui kasil saka tetembungan ngruwat sing artine yaiku ngopeni.
Dene Upacara Ruwatan kui nduweni teges ngresiki, lan nyuceakake menungso saka kasusahan batin kanthi ngenengake upacara kang biasane nanggap wayang purwa, kanthi lakon “Murwa Kala”.
Ruwatan iku salahsijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake manungsa, utawa wilayah saka ancaman bahaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine ndonga, nyenyuwun perlindungan marang Gusti Allah saka ancaman bahaya-bahaya umpamane bencana alam lan liyane, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni, sing isa nyebabake bencana utawa sing dianggep bakal nuwuhake sial.

II. ASAL USUL
Upacara Ruwatan iku sejatine asale saka cerita wayang purwa, yaiku sinebut Murwakala utawa Purwakala. Purwa ateges asal utawa pembuka, Kala artine bencana. Dadi, Purwakala tegese asal saka bencana. Crita kui nyritaake babagan asal usul lahire raseksa jenenge Kala.
Crita singkate ngene :
Wektu kui Bathara Guru lagi omong-omongan karo garwane, yaiku Dewi Uma. Mabur ning dhuwur samudro
numpak lembu Andhini. Bathara Guru ora bisa nahan nafsu, kepengen dadi siji marang Dewi Uma. Nanging Dewi Uma ora gelem. Akhire wenihe (sperma) Bathara Guru tiba ning donya, lan malih dadi makhluk sing gedhe, yaiku raseksa. Raseksa kui mau mabur ning kayangan nggoleki bapake, yaiku Bathara Guru. Bathara Guru ngakoni menawa kui putrane, lan raseksa kui dijenengke Bathara Kala. Kala takon karo bapake, menungsa sing koyo piye sing ethuk dadi pakanane. Bathara Guru njawab, yaiku manungsa sing kalebu anak sukerta, yaiku sing duweni nasib sial amarga lairane utawa menungso sing nduweni dosa. Kala medhuk nyang donya lan nggoleki mangsane. Bathara Guru lagi sadar menawa sing kalebu anak sukerta kuwi akeh banget. Menawa Kala ora dicegah menungso ning donya bakal enthek dipangan Kala. Akhire Bathara Guru nduweni syarat kanggo anak sukerto menawa ora pengen dipangan Bathara Kala kudu nganaake upacara Ruwatan. Lan Kala bakal bali ning asale menawa disangoni sesaji.

Amarga kuwi, kanggo ngilangake sial, wong Jawa nganaake upacara Ruwatan kanggo anak sukerto, kanggo ngusir Bathara Kala. Upacara Ruwatan nganggo nanggap wayangan sing lakone Bathara Kala, karo nyediaake sesaji kanggo sangu Bathara Kala lungo nyang panggonane.

III. TUJUAN
Ruwatan iku tujuane kanggo mbalekake neng keadaan sedurunge, maksude keadaan saiki sing kurang apik dibalekake neng keadaan sudurunge sing apik. Tujuan liya ruwatan yaiku mbebasake wong utawa barang utawa desa saka ancaman bencana sing kemungkinan bakal kedadiyan dadi isa dianggep yen upacara adat iki sejatine kanggo tolak bala utawa mbuang sial.

IV. JENISE RUWATAN
1. Ruwatan kanggo awake dewe
Ruwatan kanggo awake dewe kui nduweni tujuan kanggo ngresiki salahsiji uwong sing dianggep bakal sial, utawa wis gawe dosa. Biasane mung ditebus nganggo mertapa, poso, utawa nganaake slametan.
2. Ruwatan kanggo lingkungan
Ruwatan sing kanggo lingkungan, upamane omah. Tujuane :
- Nguwenehi pager ghoib kanggo nahan, nolak, lan mindahake apa wae sing asipat negatif sing ono ning omah kui, utawa sing arep mlebu ning moah sing diruwat. Biasane nganggo tumbal (sesaji) sing diperloake.
- Nguwenehi pager ghoib, supaya uwong sing nduweni niat ala ora iso mlebu ning omah kui.
- Nguwenehi pager ghoib kanggo nggurung utawa nolak setan.
3. Ruwatan kanggo daerah
Ruwatan Daerah iku kanggo nolak bencana utawa bahaya ning daerah. Biasane nanggap wayang purwa sing dilakoni wayah bengi. Tujuan liyane yaiku dedonga supaya daerah kang diruwat kui makmur, ayem, lan tentrem.

V. ANAK SUKERTA
Miturut kepustakaan ” Pakem Ruwatan Murwa Kala “ Javanologi gabungan saka pirang-pirang sumber, antarane saka Serat Centhini ( Sri Paku Buwana V ), uwong sing kudu diruwat kui jenenge anak utawa uwong ” Sukerta ”. Sing kalebu anak Sukerta yaiku :
1. Ontang-Anting, yaiku anak tunggal lanang utawa wedhok.
2. Uger-Uger Lawang, yaiku anal loro lanang kabeh.
3. Sendhang kapit Pancuran, yaiku anak 3 sing mbarep lan ragil lanang lan anak sing kaping loro wedhok.
4. Pancuran Kapit Sendhang, yaiku anak 3, sing mbarep lan ragil wedhok lan anak sing nomer loro lanang.
5. Anak Bungkus, yaiku anak sing lahir kebungkus karo placenta.
6. Anak Kembar, yaiku anak loro sing lair bareng, lanang utawa wadon kabeh, utawa “kembar dampit” yaiku kembar siji lanang siji wedhok.
7. Kembang Sepasang, yaiku anak loro wedhok kabeh.
8. Kendhana-Kendhini, yaiku anak loro, siji lanang siji wedhok.
9. Saramba, yaiku anak lanang kabeh, cacahe 4.
10. Srimpi, yaiku anak wedhok kabeh, cacahe 4
11. Mancalaputra atau Pandawa, yaiku anak 5 lanang kabeh.
12. Mancalaputri, yaiku anak 5 wedhok kabeh.
13. Pipilan, yaiku anak 5, sing 4 wedhok, lan sing siji lanang.
14. Padangan, yaiku anak 5, sing 4 lanang, lan siji wedhok.
15. Julung Pujud, yaiku anak sing lair pas matahari angslep.
16. Julung Wangi, yaiku anak sing lair pas matahari njedul.
17. Julung Sungsang, yaiku anak sing lair pas jam 12 awan.
18. Tiba Ungker, yaiku anak sing lair, terus mati.
19. Jempina, yaiku anak sing mati pas umur 7 sasi ning weteng.
20. Tiba Sampir, yaiku anak sing lair kalungan usus.
21. Margana, yaiku anak sing lair pas perjalanan.
22. Wahana, yaiku anak sing lair ning ngarep omah utawa ning latar ngomah.
23. Siwah atau Salewah, yaiku anak sing lair nduweni 2 macem werna kulit, ireng lan putih.
24. Bule, yaiku anak sing lair nduweni kulit koyo bule.
25. Kresna, yaiku anak sing lair nduweni kulit ireng.
26. Walika, yaiku anal sing lair prematur utawa cilik banget.
27. Wungkuk, yaiku anak sing lair nduweni geger sing bengkok.
28. Dengkak, yaiku anak sing lair nduweni geger sing nonjol, koyo geger onta.
29. Wujil, yaiku anak sing dilairke cebol.
30. Lawang Menga, yaiku anak sing dilarke pas anane “candakala” yaiku langit sing katon abang.
31. Made, yaiku anak sing dilairke ora nganggo lambaran/kloso.
32. Uwong sing ngliwet, ngebrukke ” Dandhang “ (wadah sing kanggo ngiwet).
33. Mwcahke ” Pipisan ” lan nugelke ” Gandik “ (landesan lan watu sing kanggo ngaluske bumbu).
34. Uwong sing manggon ning omah sing ora enek ” tutup keyonge “
35. Uwong sing bobok ning dhuwur kasur ora ngganggo sprei (sing dinggo nutup kasur).
36. Uwong sing nggawe pajangan utawa hiasan ora nganggo samir utawa godhong gedhang.
37. Uwong sing duwe lumbung pari utawa kopra sing ora nganggo alas lan payon.
38. Uwong sing delehake barang ( dandhang misale ) ora dikei tutup.
39. Uwong sing nggawe kutu sing ijeh urip.
40. Uwong sing ngadhek ning tengah lawang.
41. Uwong sing ndodok ning ngarep lawang.
42. Uwong sing songgowang.
43. Uwong sing senengane ngobong kulit bawang.
44. Uwong sing nggatukke barang siji lan sijine (misale dandhang didu karo dandhang).
45. Uwong sing seneng ngobong rambut.
46. Uwong sing senengane ngobong kloso sing seko pring.
47. Uwong sing senengane ngobong kayu uwit “kelor”.
48. Uwong sing senenge ngobong balung.
49. Uwong sing senengene nyapu ora ditutukke, utawa ora diobong sisan.
50. Uwong sing senenge ngguwang uyah.
51. Uwong sing mbuwang regetan saka jendela.
52. Uwong sing mbuwang regetan ning longan.
53. Uwong sing bobok pas srengenge njedul.
54. Uwong sing bobok pas srengenge angslup ( wayah surup ).
55. Uwong sing menek uwit pas jam 12 awan ( wayah bedhug ).
56. Uwong sing bobok pas jam 12 awan.
57. Uwong sing ngliwet trus ditinggal lungo.
58. Uwong sing seneng ngakoni duweke wong liyo.
59. Uwong sing senenge ninggal beras ning ” lesung ”.
60. Uwong sing ngambrukke pemean “wijen”.

VI. PIRANTI RUWATAN
Ana pirang-pirang piranti sing kudhu eneng ning upacara ruwatan. Piranti sing digunaake miturut adat ning daerah dianeake ruwatan kui. Antarane :
• Piranti kanggo nanggap wayang kulit purwa, lakon “Murwa Kala”, yaiku :
1. Gamelan Jawa
2. Wayang Kulit sak kotak, komplit
3. Kelir utawa kain
4. Blencong utawa lampu minyak

• Sesajen kang kudhu disediaake yaiku :
1. Tuwuhan, antarane ana gedhang raja sing uwis mateng lan apik, sing ditegor karo gagange, lan cengkir gading utawa kelapa enom, wit tebu karo godhonge, godhong ringin, godhong elo, godhong apa-apa, godhong serep, godhong alang-alang, godhong meja lan kara, lan godhong kluwih sing sakabehe ditali ngadhek ning cagak lawang. Nduweni teges dadi hiasan lan penyuwunan.
2. Kembang mayang loro, sing uwis dipaes, diselehake ning mburi kelir kiwo lan tengen, kembang setaman ning bokor, diselehake ning ngarepe dhalang sing bakal dinggo kanggo ngedusi Batara Kala, lan wong sing diruwat.
3. Geni utawa watu areng ning jero anglo, kipas, lan kemenyan sing bakal digunaake Kyai Dalang salebeting tanggapan.
4. Kain mori putih kurang luwih dowone 3 meter, digelar ning ngisor debog panggungan saka kelir nyanti sak mburining kelir lan diwenehi kembang mawar ning ngarepe kelir nganti panggonan lenggahe Dalang. Dene ning mburi kelir pinangka panggonan lelenggahane Uwong sing diruwat kanti nganggo selimut kain mori putih.
5. Gawangan kelir sisih nduwur, dipaes nganggo kain batik sing anyar, cacahe 5, antarane kain sindur, kain bango tulak lan dikei pari segedeng.
• Macem-macem sega sing kudhu ana, yaiku :
1. Sega Golong nganggo goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel pithik, Nasi golong dengan perlengkapannya, goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel ayam, sayur menir.
2. Sega Wuduk nganggo iwak lembaran, lalaban, timun, lombok gedhe, abang lan ijo, brambang, lan dele ireng.
3. Sega Kuning nganggo ondog pithik sing didadar, cacah telu, lan srundeng.
• Macem-macem bubur/jenang, yaiku :
1. Jenang abang
2. Jenang putih,
3. Jenang kaleh,
4. Jenang baro-baro (bubur sing werna-werna).

• Macem-macem jajanan pasar, yaiku :
Gedhang raja, jambu, salak, suruh sing dikei duwit, gula jawa, kelapa, jajanan arupa blingo sing dikei werna abang, kemenyan kembang, banyu sing diwadahke cupu, jarum lan benang ireng-putih, kaca cilik, kendi sing isine banyu, empluk (kacang ijo, dele, kluwak, kemiri, gereh, endhog pithik, dan duwit sak sen).

• Piranti liyane, yaiku :
1. Benang lawe, minyak kelapa kanggo lampu blencong.
2. Arupa kewan-kewanan misale manuk dara, pithik, utawa bebek.

VII. TATA CARA RUWATAN
Tata cara ruwatan antarane :
• Nanggap wayang purwa kanthi lakon “Murwa Kala”
Kanggo keluarga sing ora mampu nanggap wayang, isoh ngundang dhalange wae, tanpa nganggo gamelan lan wayange. Dhalange iso crita wae babagan lakon “Murwa Kala”.
• Dhalang mau bakal mimpin upacara cukuran rambutlan siraman. Sing bakal nyukur yaiku wong tuwa saka anak sing bakal diruwat. Rambut sing dicukur bakal dilarung bareng karo sesajen sing disediaake.
• Kanngo syarat, dijukuk sithik wae geteh saka asal siale. Getheh kui bakal dilarung. Carane njukuk getheh yakui nganggo ri, trus dioleske ning kapuk putih. Ri karo kapuke mau dilarung karo:
1. Beras 4 kg
2. Slawat 1 Dirham (duit regane emas 1 gram)
3. Pithik
4. Teklek (sandal saka kayu)
5. Benang Lawe sagulung
6. Endhok pithik sing lagi metu, durung enek sedina
7. Gula setangkep (gula Jawa sapasang), gula pasir 1 kg
8. Rambut sing dicukur
9. Kelapa 1 cacahe
Kelapa, benang lawe, telur ayam, kapas lan ri dilabuh karo maca: “Ingsung ora mbuwang klapa lan isine, ananging mbuwang apa kang ndadekake apesing awakku”.

VIII. PIWULANG NING UPACARA RUWATAN
Upacara Ruwatan sing dianaake wong Jawa ora bisa ditegesake utuhan. Menawa digateake, upacara Ruwatan kui ora mung upacara nanggap wayang, nyukur rambut, lan nglarung sesajen nangging uga nduweni makna saka urut-urutaning Upacara. Intine, Upacara Ruwatan kuwi nduweni piwulang :
1. Menawa didelok syarat-syarate ruwatan, mesti ameh kabeh menungsa kuwi kudu diruwat. Kuwi nuduhake rasa pepeling supaya menungsa kereb sedekah kanggo kaslametan kita. Sakbenere kuwi ora kudhu ngganggo upacara ruwatan amarga ruwatan kuwi karana katentreman ing jero ati.
2. Ruwatan mesti enek kaitane karo Batara Kala. Sakbenere, Kala kuwi artine wektu. Nduweni ateges supaya menungsa bisa ngurmati wektu, uga wedi karo wektu. Tuladhane, mbesok saben menungsa bakal meruhi mati.
3. Ruwatan kanggo ngresiki dosa-dosa kita. Nduweni teges supaya kita tansah tumindak sing apik, lan ngedohi tuindak sing ala, sing bisa ndadeake uripe menungsa ora tentrem.





Sumber : http://simplicityarea.blogspot.com/2010/12/upacara-ruwatan.html

Geguritan : Cah Bagus



Cah Bagus
Dening : Anastasia Yuni Anindita


Alon mlaku nggandheng tresna
Lali-lali maring sapadha-padha
Pitakon tan kena wursita
Aku nora bisa nampik rasa
Nala kembang kanca dina
Dina dadya tetep prasaja
Iku kang dadi kembang prana


Endahing lakumu
Nadyan kesandhung watu
Datan sirna ing awang-awangku
Ratri rana dadi celathu
Anggeguru marang kembang waru


Prapteng tresna dadya kanca
Rodha dina tan bisa disuwala
Aku kasandhing tulusing laku
Setya mring anggamu
Endah tresna kudu digugu
Titah gunging demen nora dipaelu
Yaiku udarasaku
Aku..
Wektu kang dak gugu
Aku..
Nala tresna sejatimu

Cerita Wayang : Arjuna Sasrabahu

Arjuna Sasrabahu

Arjuna Sasrabahu
Gambar perang antarané Parasurama lawan Kartawirya Arjuna sakjroning crita India.
Gambar perang antarané Parasurama lawan Kartawirya Arjuna sakjroning crita India.
Déwanagari: कार्तवीर्य अर्जुन
Éjaan Sanskerta: Kārtavīrya Arjuna
Jeneng liya: Sahasrarjuna;
Arjuna Sahasrabahu
Asal: Kerajaan Heheya
Arjuna Sasrabahu iku salah siji paraga ing cerita wayang kang dadi raja Maespati. Arjuna Sasrabahu uga nduweni jeneng liya, yaiku Arjunawijaya nalika isih enom. Ing cerita pawayangan Arjuna Sasrabahu iku titisan saka Bathara Wisnu. Dheweke iku putra Prabu Kartawirya utawa kang diarani Sasrawirya. Garwane kang pisannan jenenge Dewi Citralangeni saka Tunjungpura, kang nomer loro jenenge Srinadi, putrine Begawan Jumanten saka Pertapaan Giriretna. Saliyane, dheweke uga nduweni bojo kang caacahe atusan. Ana uga kang dadi selire iku Dewi Citrawati saka nagara Magada. Citrawati iku titisane Dewi Sri. Ana cerita kang nyebutake yen garwane Arjuna Sasrabahu cacahe 1000 kurang siji.
Arjuna Sasrabahu nduweni patih kang arane Patih Suwanda utawa Bambang Sumantri. Jeneng Arjuna Sasrabahu nalika isih enom yaiku Arjunawijaya. Jeneng liyane yaiku Wingsatibahu, kang tegese nduweni sewu bahu. Jeneng iku aran saka wong kang ngurmati kekuwatane Arjuna Sasrabahu.
Jeneng Arjuna Sasrabahu iku gelar nalika dheweke dadi raja ing Maespati. Dheweke entuk jeneng iku saka anggone nglakoni triwikrama, wujude malih dadi brahala seu, awake gedhe, sirahe ana satus, tangane ana sewu lan kabeh nyekel senjata. Arjuna nglakoni triwikrama nalika perang tandhing lawan Bambang Sumantri. Bambang Sumantri iku duta kanggo sayembara sapa kang isa ngalahake Bambang Sumantri isa nikah karo Putri nagara Magada, aarane Dewi Citrawati. Bambang Sumantri iku patih kang sekti mandra guna. Dheweke wis ngalahake ewonan raja kang nduweni niyat arep dhaup karo Dewi Citrawati. Bambang Sumantri uga nduweni tekad bakal ngabdi marang raja kang isa ngalahake kasektene.
Arjuna Wijaya iku satriya titsan Bathara Wisnu. Dheweke iku raja kang disembah dening para raja. Dheweke nduweni kasekten kang tanpa tandhing. Sanajan sekti mandraguna dheweke kagolong raja kang ora seneng perang, lan ndiseke musyawarah kanggo ngrampungi perkara. Mula saka iku akeh raja kang ngurmati dheweke. Arjuna uga raja kang nduweni rupa bagus, rupane mirip karo Bathara Kamajaya.
Nalika dheweke oleh wangsit saka Bathara Narada, yen Dewi Citrawati, putri saka negara Magada kang nalika iku dadi putri kang gawe rebutan para raja saka sewu nagara iku titisan Bathari Sri Widowati, dheweke bingung. Apa kudu ngalahake para raja-raja kanggo isa ngentukake Dewi Citrawati lan nyelametake negara Magada. Dheweke kang sekti mandra guna isa ngalahake kabeh raja, nanging iku ora dilakokake.
Saka akehe raja kang kepingin ngepek bojo Dewi Citrawati, Prabu Darmawisesa saka nagara Widarba, iku salah siji raja kang paling diwedeni. Prabu Darmawisesa lan 75 raja saka negara liya lan para prajurite wis siyap arep nyerang Magada kanggo ngentukake Dewi Citrawati.
Nalika Prabu arjuna bingung, Bambang Sumantri madhep kanggo ngabdi ing negara Maespati. Banjur Prabu Arjuna nampa Bambang Sumantri anggone ngabdi ing Maespati. Ing kono Bambang Sumantri didaekake duta kanggo nglamar lan mboyong Dewi Citrawati.
Syarat iku ditampa dening Bambang Sumantri. Bambang Sumantri kasil isa ngalahake Prabu Darmawisesa lan para sekutune. Banjur Dewi Citrawati diboyong menyang Maespati.
Nanging sadurunge mlebu kutha Maespati, Bambang Sumantri ngajokake syarat marang Prabu Arjuna Wijaya supaya mapak Dewi Citrawati ing wates kutha minangka satriya, lan ngalahake Bambang Sumantri.
Perang gedhe antarane Arjuna lan Bambang Sumantri ing antarane gunung Salva lan Malawa, ing sajabane kutha Maespati. Para brahmana lan pujangga nggambarake yen perang antarane Prabu Arjuna Wijaya lan Bambang Sumantri iku perang kang paling agung ing alam semesta. Perang iki luwih sangar tinimbang perang antarane Kumbakarna lan Prabu Sugriwa kang direwangi dening Anoman lan kethek kang cacahe nganti yutanan, utawa perang antanare Prabu Rama Wijaya mungsuh Prabu Rahwana ing Alengka.Perang iku uga luwih sangar tinimbang perange Arjuna mungsuh Adipati Karna utawa perange Resi Bisma mungsuh Resi Seta, utawa perange Bima mungsuh Duryudana ing Perang Baratayuda.
Perang tandhing antarane Prabu Arjuna Wijaya mungsuh Bambang Sumantri uga katon agung lan endah. Wong loro iku nganggo klambi perang kang gagah. Wong loro iku padha nyekel gandewa perang jangkepkaro busur kang sekti. Wujude padha kabeh, mung beda werna slempang. Slempang gandewa prabu arjuna wernane abang, lan slempang gandewa Bambang Sumantri wernane kuning gadhing. Wong loro iku padha numpak kereta kang digeret jaran cacahe papat. Prabu Arjuna Wijaya numpak keretane Bathara Wisnu kang sengaja disengaja ditekake saka Kahyangan Untarasegara, kang digeret jaran ireng lan putih. Dene Bambang Sumantri numpak keretane Prabu Citragada, kang digeret jaran papat wulune werna abang lan putih ing sikile. Biyen kereta iki duweke Bathara Indra diwenehake Prabu Citradarma, raja nagara Magada.
Kereta kang digunakake dening wong loro iku padha sektine, padha apik lan endahe. Bedane mung ana ing panji utawa gendera perange. Gendera perange Prabu Arjuna Wijaya wernane kuning rada emas lan ana lambange manuk garuda, lan genderane Bambang Sumantri wernane putih lan ana gambare ula naga kanthi mbukak cangkeme. Wong loro iku banjur adhep-adhepan, kayadene Bathara Asmara lan Bathara Candra.
Perange Prabu Arjuna Wijaya musuh Bambang Sumantri akeh kang ndeleng. Perange wong loro iku ana ing panggon kang amba, ing antarane gunung Salva lan Malawa. Dideleng dening Dewi Citrawati, wong wadon titisane Bathari Sri Widowati lan 800 putri dhomas, ewonan dhayang, luwih saka sewu raja lan permaisurine, jangkep karo patih lan hulubalang krajaan, lan warga Maespati, luwih saka sayuta prajurit saka sewu negaralan dideleng dening para dewa lan kang dipimpin Bathara Narada lan Bathf ara Indra kang sengaja mudhun saka Kahyangan Jonggring Saloka lan Kahyangan Ekacakra.
Pungkasane perang iku gawe wong kabeh ngerti yen Arjuna Sasrabahu iku jelmaane Bathara Wisnu. Dheweke banjur dikenal minangka raja kang sekti mandraguna. Para raja kang sadurunge padha wani lan dadi musuhe Arjuna Sasrabahu, wiwit iku gelem manut lan ngabdi marang Prabu Arjuna Sasrabahu.
Nalika Prabu Arjuna Sasrabahu dadi raja lan patihe Suwanda, Maespati dadi negara kang adikuwasa lan isa nguwasani 2/3 jagad. Sanajan kaya mengkono Prabu Arjuna Sasrabahu tetep mrentah supaya adil. Arjuna Sasrabahu iku raja kang seneng tentrem, lan nduweni unen-unen Sugih tanpa banda, nglurug tanpa bala, menang tanpa angasorake.



Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Arjuna_Sasrabahu