Cidra
Dening : Ita Lusiana
Lir tirta kang mijil saka sumber
Grojogan kang anyamber-nyamber
Atiku tansah kumecer
Pawongan
bregas kang wus ngranggeh ati iki
Tansah
ngumbar janji suci
Marang
kenya ayu liyan
Lir panah Arjuna kang nembus jaja
Gawe ati iki lalis
Nora bisa apa-apa
Amung tangis kang tumetes
Ngelus-elus ngebaki pipi