Permen
Karet
Nalika aku lagi ning awang-awang
Ati iki tansah bungah, bungah banget
Aku disanjung-sanjung
Jenengku, wahh…
Gagah, endah lan prasaja
Nanging !
Kabeh kuwi mau amung
sawetara !
Aku gur kaya digawa ngimpi
Ngimpi sing ora ana bacute
Aku iki sapa ??
Hee… !!! para
mudha-mudhi !!
Apa aku iki gur kaya permen karet ??
Disesep, dirasakne, banjur…
Yen uwis ora ana rasane, terus dibuwang
??
Dilepeh sak enggon-enggon !!
Remuk atiku…
Duh..gusti..
Sapa maneh sing gelem nguri-uri aku ??
Sapa sing gelem njaga aku ??
Aku iki jati diri mu ! Budayamu !
Dudu permen karet !
Tidak ada komentar:
Posting Komentar