Galeri

Galeri

Jumat, 28 November 2014

Geguritan : Gurit Alit



Gurit Alit

Dak rakit gurit saka pikiranku
Kaukir gambaran gedhong DPR kang endah kae
Melok-melok megah nyakar langit
Kang gawe lambe iki nggeget

          Tansah abyor pawongan ing njerone
          Busana kang sarwa kumerlap
          Gelang kalung werna kuning cumlorot
          Jas lan dhasi kang nambahi pantesing dhiri

Sauntara mripatku mbrabak
Pikiranku menggok ana ing ngisor kana
Omah jejer-jejer saka kerdhus
Amung kali papan kanggo adus

          Apa iki sing jenenge adil?
          Sing ning ndhuwur saya mabur
          Dene wong cilik lungguh ing dhingklik

Tidak ada komentar:

Posting Komentar