Lampion
dening : Ita Lusiana
Wengi kang bisa nyekseni
Tanpa surya kumancar ing netra
Tansah peteng tanpa cahya
Ngubengi ati kang uga sepi
Nanging,
sethithik mbaka sethithik
Ana
cahya kang mijil ing netra
Cahya
kang nora abyor
Abang ijo kuning wernane
Bentuk maneka warna nyengsemake
Sumeleh ing pinggir kae
Lampion-lampion gaweane dhewe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar