Galeri

Galeri

Senin, 12 Januari 2015

Cerita Cekak: Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu

Cerita Cekak Bahasa Jawa: Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu

Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe tangi,  marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo tlalene. (Majda Yulianingrum)

Si Pemburu  diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge Gajah.  Si Pemburu mati kejegur njurang,  nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu.

Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat  nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.  

Saiki Prendis bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget yen dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantul.
 duniashinichi.blogspot.com
Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske. Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila ngeculke salah siji. Majda Yulianingrum

Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan.  Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012).


Sumber: http://duniashinichi.blogspot.com/2012/11/cerita-cekak-bahasa-jawa-tukang-kayu.html

Senin, 05 Januari 2015

Geguritan : Lampion



Lampion
dening : Ita Lusiana


Wengi kang bisa nyekseni
Tanpa surya kumancar ing netra
Tansah peteng tanpa cahya
Ngubengi ati kang uga sepi

          Nanging, sethithik mbaka sethithik
          Ana cahya kang mijil ing netra
          Cahya kang nora abyor

Abang ijo kuning wernane
Bentuk maneka warna nyengsemake
Sumeleh ing pinggir kae
Lampion-lampion gaweane dhewe

Geguritan : Jaman Globalisasi



Jaman Globalisasi
dening : Anastasia Yuni Anindita

Saiki jamane jaman globalisasi
Jaman sing jarene jaman maju
Jaman sing sarwa modern
Apa-apa wus cumepak, instan ora usah repot-repot

    
Saiki jamane, jaman globalisasi
     Wus ora jaman, ngirim layang
     Saiki jamane kirim sms
     Ora usah nulis, amung ngetik nganggo hape


Saiki jamane, jaman globalisasi
Gambang suling, gendhing-gendhing gamelan
Wis arang dirungokake!
Saiki jamane ngrungokake pop-rock


     Saiki jamane, jaman globalisasi
     Hape, komputer, leptop, tablet
     sarwa maju lan sarwa modern
     saiki jaman globalisasi!

Selasa, 16 Desember 2014

Geguritan : Cidra



Cidra
Dening : Ita Lusiana 



Lir tirta kang mijil saka sumber
Grojogan kang anyamber-nyamber
Atiku tansah kumecer

          Pawongan bregas kang wus ngranggeh ati iki
          Tansah ngumbar janji suci
          Marang kenya ayu liyan

Lir panah Arjuna kang nembus jaja
Gawe ati iki lalis
Nora bisa apa-apa
Amung tangis kang tumetes
Ngelus-elus ngebaki pipi

Cerkak : “SUPOYO NGIRIT”

   “SUPOYO NGIRIT”

 
Glendhoh, wong sugih sing kondhang medhit ing salah sijining kampung pinggiran ing Kutha Solo saiki kerep nesu karo rewange sing jenenge Klithuk. Prekarane sajane amung sepele. Yakuwi prekara sogok untuk sing kanggo ngilangi sliliden ing untu sawuse rampung mangan.
Dina kuwi kaya biasane, Glendhoh muring-muring amarga meruhi sogok untuk sak wadhah sing lagi esuk mau dituku ing supermarket wus entek gusis, amung kari wadhahe.
Glendhoh: Thuk…Klithuk. Mrenea!!
Klithuk: Wonten dhawuh punapa juragan.

Gledhoh: Karepmu kuwi kepriye ta! Yen tak kandhani mbok rungokake apa ora ta??
Klithuk: Lhah…wonten punapa nggih? Kula kok mboten sumerep.

Glendhoh: Kowe ki pancen seneng gawe aku nesu. Coba eling-elingen. Aku wus kaping pira ngandhani kowe, supaya ngirit nalika nganggo sogok untuk. Saben-saben mesthi mbok entekke. Sajane caramu nganggo kuwi piye ta??
Klithuk: Ooo..nuwun sewu juragan. Makaten, untu kula punika nembe sakit. Wonten ingkang krowok. Saben bibar nedha, mesthi kathah ingkang nyangkut. Mila, kula kathah ngangge sogok untuk lan sasampunipun inggih kula buwang, Ngertos-ngertos isinipun sampun telas.
Glendhoh:Ning caramu ya aja ngono kuwi. Marai boros, ngerti po ra??

Klithuk: Inggih juragan, kula janji mboten nelasaken sogok untu malih.
Liya dina, Glendhoh sing lagi wae mulih saka kantor lan mlebu ruang tamu meruhi wadhah sogok untune isih apik. Disawang tenanan, isine ya isih akeh, ora kaya adate. Glendhoh banjur jupuk siji lan dianggo cuthik-cuthik untune.
Klithuk: Sugeng rawuh juragan.

Glendhoh: Eh Thuk. Aku seneng meruhi kahanan iki. Saiki kowe pinter dikandhani lan nurut omonganku. Sogok untune isih akeh. Kayane kowe wus bisa ngirit anggone nganggo sogok untu. Ora kaya sing mbiyen-mbiyen. Apa untumu wus mari? Ora krowok maneh?
Klithuk: Mboten juragan. Untu kula taksih krowok.

Glendhoh: Lhah? Dadine kowe ya isih prelu sogok untu? Terus, seprene iki nganggo apa? Kok sogok untuk ing meja adate tak sawang isih wutuh?
Klithuk: Nggih taksih ngangge punika juragan. Namung sasampunipun ngangge kula wangsulaken malih wonten wadhah. Supados ngirit.
Glendhoh: Lhah?? Dadine sing tak anggo iki sisamu??





Sumber : https://cuecep.wordpress.com/2013/03/25/kumpulan-cerpen-bahasa-jawa/

Cerkak : Kancil lan Pitik Walik sing rumongso kudu lucu

Kancil lan Pitik Walik sing rumongso kudu lucu

Mbak Dewi, juragan Bakso Bangjo nduwe Pitik Walik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesthi usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke kadang-kadang ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik Walik gawe tingkah laku lucu kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.


















 

Sawijining ndino Pitik Walik luga adoh, terus ndelik ning guwo Slarong karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo. duniashinichi.blogspot.com

"Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil

"Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane" 

"Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!" jawabe Kancil

"Aku capek kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing aneh-aneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu"

"Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan" celathune Kancil

"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?"

"Laiyo rasah no! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru"  nasehate Kancil

"Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku"

"Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe" ujare Kancil

"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.

Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane (undil -2014). 





Sumber :  http://duniashinichi.blogspot.com/2014/01/cerkak-kancil-lan-pithik-walik-sing.html

Geguritan : Mardika?



Mardika?
Dening : Ita Lusiana 



Sapa kang kandha kita wus mardika?
Sapa kang wani njamin rasa mardika?

          Mardika amung ana ing lathi
          Beda karo kasunyatan iki
          Ora ana kahanan mardika kang nyata
          Durung ana kang ngrasakake mardika

Ayo bebarengan nyengkuyung bangsa
Supaya mardika bisa dadi nyata
Supaya kabeh bisa tumata
Nora ana kang ngrasa lola